TIPS MUDIK
Kie rungokna..
1. Angger arep mudik, nggawa klambi
secukupe, aja digawa kabeh, mbok ndarani minggat
2. Waspada maring wong sing nembe kenal nang perjalanan, aja gampang luluh senajan lagi jomblo
3. Ben umah sing ditinggal aman,pasangi
police line/ditulisi "rumah ini telah disita
bank"
4. Supaya ora kena macet : gawe tol dewek lempeng juk umah,
5. Siapna mental mbok nang kampung
ketemu mantan sing wis duwe pacar anyar
6. Nek arep mudik aja kelalen ndonga, gole ndonga moga2 slamet ngasi tujuan. Udu ndonga moga2 ketemu mantan
7. Siapna jawaban sing tepat mbok nang
kampung ditakoni wis duwe pacar apa urung
8. Nek mudik cukup gawa sing penting-
penting wae, usah nggawa kenangan masa lalu barang
9. Aja ngeluh nek dalane macet, esih
mending kejebak macet nimbang kejebak masa lalu
10. Mudike lewat jalur pantura/jalur selatan, aja lewat jalur gaza mbok kena peluru nyasar
11. Patuhi aturan lalu lintas, aja mung
patuh maring aturan pacar tok
12. Sing numpak motor pastikan tangki
bensine isi senajan atine kosong
13. Nek numpak mobil pribadi pastikan
pribadine apik, sopan, ora sombong lan
rajin menabung
14. Nek ditakoni "mau kmn mbak/mas?" jawab biasa bae, ora usah jawab "ke hatimu" mbok ketara jomblone
15. Nek bingung dalan, takon maring
petugas, aja takon maring rumput yg bergoyang, pokoke aja!
Apa maning maring goegle map, marai iso keblasuk
Wes nganah mudik,,,,
Komentar
Posting Komentar
Terima kasih atas kunjungan Anda🙏🏼